nek kelingan jaman perang(perang perangan) aku sering ngguyu.lha sebape si menthik di granat sutalup nganggo lebu nganti rambute putih koyo semen gresik.wah jan tego tenan si talup iki.reti adine agi ndelik eneng ngisor wit pete jebule si talup ki wis ngindik ono nduwure.koyo wong kesetanen,lebu kang wis di bundeli nganggo kresek kwi mau banjur di seblakke ono ing ndase menthik.......darrrrr***.sirah(ndash)kang rambute ireng kwi mau malah koyo patung kang agi rampung di semen....malih putih kabeh sak raine.
iki ndade'ake drama combat kudu brik sedelo sebab talup ndadak di buru bapa'e.di uyak mlayu ngetan ning ora kecandak.menthik kang isih pegang sejata laras pendek isih nangis mergo granat tangan sing gedene sak gulo pasir rong kilonan.
ngandi talup mau cah?!!pitakon om yanto(mbah surib kakung) karo bocah bocah kang isih pegang senapan laras mulut(sebab naliko di nggo nembak sing muni cangkem'e).
mlajar ngetan wau mbah.........
ning dasare yo wis di latih ngumpet(ndelik.......ora nganggo 'me') si talup muda iki anjlok neng sor galengan banjur bali ngulon tanpo ono kang reti kejobo si yasir(sing nulis cerito iki).lha sing dadi masalah iku pendak dino maneh si nyowo talup iki gawe ulah maneh.si kendang bligo(papah damar) dolan neng nggone talup maneh.koyo biasane,mlebu ngomah terus ngobrol bar kwi banjur podo dolanan.skenarione di gawe koyo ora ono masalah.do ramah ramah,do anteng karo kriyak kriyuk mangan aking.nek rung entek rung alian.
ananging si talup hermansyah ana'e mbah surip iki mau nduweni pikiran jahat kang di setujoni konco koncone.bahkan semacam kejahatan berencana.si bagong damar di celu'i menyang talup kon mlebu ono ing kamare.jebule cah nakal iki mau wis berubah wujud dadi wong kang jlembrak rambute dowo koyo iblis kang ngelih jajan ehh... ngelih getih.(dadi kelingan anakku sing ora gelem managn nasi sebab ora ngelih nasi ning ngelih jajan)talup jan rupane nggegirisi poko'e yen reti lambang iblis yo persis kuwi.lhha...si bagong njerittt ora karuan nagnti mlayu mulih.di rayu ora mempan,di jalu'i panagpuro ora nggagas.wis gebacut wedhi lan isin.jebule bocah iki nganggo cemorone ibu'e kang di cantelke ono ing tembok.
talup koyo koyo wis lego iso nggawe tangis adi adine.menthik di sawur nganggo lebu lan si bagong di wedeni rembyak rembyak cemorone ibune.aku dewe nek kelingan yo getun.kok yo aku melu nanda tangani rencana iku.ananging pancen paseduluran iki ora iso di pethil karo kahanan.pengijoan tansah dadi kenangan kang ora iso di lali'ake.saben saben kelingan pengijoan mesthi kelingan talup,bagong damar.
cerita iki tak tulis mergo aku mau di telpon seko adiku damar kang ono ing njarakata.crito crito kang nyenengake.
mugo mugo cerito iki ora di amalke.yen ono api'e seko aku dewe lan menowo ono elek'e seko kowe.mugo mugo mbesok nek ketemu tansah mikoleh kesarasan,keberkahan,keselametan...trus opo meneh,,,,kebahagiaan.amiin.ojo do lali marang Allah,kwe kabeh gur do di perintahake mensyukuri opo kang wis di anugrahke marang kwe.ojo lali sholat lima waktu tetep di jogo.nek perlu sholat malam ngen mikoleh pitulungan soko Allah.aku ora kepingin ngguroni kowe le,ananging iki perkoro kang paling penting kanggo urip sak lawase.
wis ngono wae yo,
kanggo dulur kabeh..
yasir